Lir-ilir, lir-ilir, tandure wis sumilir Tak ijo royo-royo, tak senggo temanten anyar Cah angon, cah angon, penekno blimbing kuwi Lunyu-lunyu penekno kanggo mbasuh dodotiro Dodotiro-dodotiro kumitir bedhah ing pinggir Dondomana jlumatana kanggo seba mengko sore Mumpung padhang rembulane, mumpung jembar kalangane Yo surako, surak iyo