Mung sliramu kang dadi manik ing kalbu
Pindo retna kang katon malelo
Tak weling mugio tansah eling
Snadyan adoh rasaku tansah sumandhing
Rino wengi aku mung tansah ngenteni
Tan pegat anyidham tetesing tresno
Kang satuhu dadi tetaline
Atiku kang tansah anandhang kasmaran
Wong kuning kembang jroning atiku
Asihmu kang ngregani
Dadi usadane aku kang nandhang bronto
Lilanono caket mring sliramu
Tansah gandheng renteng kaya mimi mintuno
Tak anti anning gisik samudra
Lelumbaning asmaro ombak ing prasetya
Tandha anteping tresna
Sineksen kuwung hanggarit mendhung
Atiku kang wuyung yen tan gambuh anglayung
Mung sliramu kang dadi manik ing kalbu
Pindo retna kang katon malelo
Tak weling mugio tansah eling
Snadyan adoh rasaku tansah sumandhing
Rino wengi aku mung tansah ngenteni
Tan pegat anyidham tetesing tresno
Kang satuhu dadi tetaline
Atiku kang tansah anandhang kasmaran
Wong kuning kembang jroning atiku
Asihmu kang ngregani
Dadi usadane aku kang nandhang bronto
Lilanono caket mring sliramu
Tansah gandheng renteng kaya mimi mintuno
Tak anti anning gisik samudra
Lelumbaning asmaro ombak ing prasetya
Tandha anteping tresna
Sineksen kuwung hanggarit mendhung
Atiku kang wuyung yen tan gambuh anglayung